Selasa, 13 September 2016

Tugas B.D : CERKAK (Sudah Dibenarkan)


TANDA PAMIT
Dening: Dena S

Minggu isuk, wayah sing lumrahe digawe leyeh-leyeh, mulet ing kasur, dolan bareng kancane, utawa ngewangi tandang gawe. Dina Minggu pancen kaya kaya duweni swasana kang tansah ngayemi, adhem lan tentrem gawe sapa wae. Tandang gawe bisa entheng lan semangat, pikiran resik uga luwih sehat.

Senajan Minggu pancen dina santai, ning ora gawe Paja, salah siji murid SMAN Wahutri. Dheweke wis wiwit setengah papat isuk tangi. Kegiatane yaiku sinau sejam, shalat, sawise iku sinau maneh, nyapu latar, adus, banjur sinau maneh nganti saiki. Meja belajar sing biasane mung digawe dulinan wae saiki wis kebak buku pelajaran, dasar mejane meh ora ketok amarga saking beg mencepe. Siji sing garai Paja ujug-ujug sinau mempeng, yaiku amarga dina Senin UTS.

            Paja pancen maceme arek kang rada males, jarang sinau, senengane nyantai, alias ngulur wektu, ning areke manut yen diutus. Senajan males, lelet, Paja ora tau duwe masalah karo guru. Murid taat peraturan. Pergaulane ya sehat-sehat wae, kanca paling cedheke yaiku Ramon lan Lutfi. Lutfi kuwi bisa diarani arek paling pinter ing kelas, yen Ramon iku areke mirip-mirip Paja sipate, pintere ya pada kaya Paja, ing pelajaran basa.

            Amarga Paja kurang bisa pelajaran Matematika, Ekonomi lan Sosio, dheweke saiki mempeng njlimet karo latihan soal lan materi-materi sing ana ing buku-buku kandel. Bola-bali entuk soal angel, Paja ngremes rambute susah. Ora jarang dheweke istigfar amarga saking puyenge kudu bukak tutup rumus. Suwi Paja wis sinau (maraton) materi UTS, dheweke ket maeng ora nyandak hape. Pas ngecek hape, ana LINE saka Ramon.

Ramon D: “Paj! Ayo dolan! Nang Lutfi, gelem ora??”

Paja K. Bumi: “Sinau le! Sesok UTS!!”


Ramon D: “Sinau pisan ning omahe Lutfi le! Ngono karepku...”

Paja K. Bumi: “Oalah, ya ya. Aku melu wes.”

Ramon D: “Ora usah tak ampiri yo Paj? Langsung wae.”

Paja K. Bumi: “Ya ya.”

Ramon D: “Aku budhal dhisik Paj!”

            Amarga Paja ya wis kesel sinau dhewe, banjur dheweke mutusake budhal menyang omahe Lutfi. Paja metu saka kamare, niate pamit marang wong tuwane. Nanging Paja ora bisa nemokake Bapak utawa Ibuke. Akhire saka pawon ana swara piring diisahi, sing dikira karo Paja iku ibuke sing lagi isah-isah. Langsung wae Paja mbengok, pamit.

“Buk..! Pak! Kula teng Lutfi riyen nggih, sinau bareng. Assalamu’alaikum...!”

“.......”

Ora ana balesan, Paja panggah ngeludur menyang garasi, njukuk motore disambi nggawe helm.

            Pancen jarake omahe Lutfi karo Paja lumayan adoh, nanging ora butuh wektu suwe gawe Paja nyampek ing omahe Lutfi. Mestine ngebut, salip nyalip.     Pager putihe Lutfi wis mbukak blak, njarne Paja mlebu sapenake. Ing ngarep teras uga wis ana motor irenge Ramon. Paja markir motore rapi ana ing sandhinge motore Ramon. Saka ruang tamu, Ramon nyapa Paja.

“Lha ngombeku endi?” takone Paja nang Ramon sawise mlebu omah.

Ramon sing mentas ngombe banyu sirup melon iku muter mripate datar, “gawe dhewe kono.”

“Lutfi?” Paja ndeleh tase banjur lungguh sanyamane.

“Ganti klambi,” Ramon ngetokake laptop saka tase.

            Paja mung nyawang tingkahe Ramon sing saiki wis utak-atik laptop karo mesam-mesem iku. Menurute Paja, Ramon mesti lagi duwe film anyar utawa game ora mutu sing atene diduduhake. Lan iku bener apa eneke. Paja wis tekad mrene arepe sinau, ora mung seneng-seneng.

“Paj, wis ndelok iki?” Ramon pindah menyang sandinge Paja karo laptope.

“........” Paja nglirik sitik, rada wegah, ning bar ngono, “Finding Dora in Zootopia!? APA IKI Ram?!”

Crossover ter-epic lah Paj,” saure Ramon, “action mellow, thriller, comedy, horror.”

Ora suwe banjur Lutfi teka. Gayane rapi, wangi, jelas mari adus. “Ndelok iki sek yok Paj, sinaune mengko wae, gampang wes ta,” ajake Lutfi sumringah.

“Hoalahh.. tapi.. yo wes la, hayo,” Paja akhire kegawa hasutane Ramon lan Lutfi.

            Paja, Ramon lan Lutfi ora mung sejam rongjam ndeleng film, arek telu iku uga nutukake nang game FinalTitan’s Fantasy XVII lan Attack on Hunter 3D. Mesti betahe amerga disambi mangan panganan keliwat enak lan papan nyaman uga ber-AC. Singkat cerita, ora krasa wis akeh wektu kang kebuak sia-sia. Nganti jam lima sore, Paja lagek sadar yen saiki wis sore lan dheweke ket teka mung dulinan terus ora sinau.

“Lut! Piye se? La kok ora ngomongi lek wis jam semene?” Paja ngadek banjur nyamber tase, “Ram! Mulih gak awakmu!? Wis sore le!”

“Masya Allah ~ Yo wes hayo muleh, pak!”

            Sawise pamitan lan matursuwun marang Lutfi, uga nyeneni Lutfi amarga areke ora ngomongi wayah, Paja lan Ramon nggawa motore dhewe-dhewe metu saka latare Lutfi. Ngliwati pager putih, sing sebenere yen disawang-sawang pager iku lumayan ngedeni. Kaya-kaya enek wadon alus ing sanding pager.

Paja lan Ramon mung dilut ana ing dalan sing searah, banjur arek loro iku pisah lan tumuju menyang omahe dhewe-dhewe. Pas Paja wis teka omah, wong tuwane ana ing teras ngadang. Paja mateni motore banjur mlaku kalem menyang wong tuwane. Paja entuk ceramah amarga ora pamit. Ning Paja njelasake yen dheweke wis pamit. Nanging wong tuwane ora ngerti, amarga ket isuk ora ing omah. Paja ujug-ujug mrinding. Terus menyang sapa maneh dheweke pamit isuk  maeng?

Senin lan dina iki Paja uga kabeh kancane ngadepi UTS. Paja meh telat mlebu kelas amarga Paja rada mbangkong, ndek bengi dheweke kebut sewengi sinau gawe dina iki. Ning tibakna enek sing telat tenanan, yaiku Ramon. Ramon karo santaine mlebu kelas, nyawang Paja biasa, banjur lungguh ing bangkune, nggurine Paja.

Wayah nggarap ulangan, kelas wis sepi ngalah-ngalahi kuburan pinggir desa. Ora kaya ulangan biasane sing isih enek arek tolah-toleh, ngewenehi kode. Ora merga pengawase, ya ora merga pelajarane penak, Paja krasa yen enek sing beda saka kelase. Amerga ora pingin kentekan wektu, Paja fokus marang soale, dheweke percaya yen konsen mesti bisa ileng jawaban sing ana ing buku.

Jik mentas wae telung puluh menit sawise ulangan dimulai, Ramon njejegi kursine Paja, kode njaluk jawaban. Paja nyawang kahanan disek, nyawang pengawase sing tibakna ngawasi Paja. Akhire Paja kepeksa ora lapo-lapo saliyane nggarap lan konsen marang soal. Ramon saya suwi saya ora sabar, dadane Paja nganti meh ketatap meja amarga kursine dijejeg. Paja mung meneng wae, ora noleh. Salah siji arek wedok, jilbaban noleh nang Paja, dheweke mung nyawang Paja, banjur madep menyang lembar soale.

Ramon wis mandek njejegi kursine Paja, banjur Paja bisa konsen maneh. Ora suwe bubar iku, Ramon numpuk lembar jawabane, nglewati Paja tanpa omongan. Paja nyawang tajem menyang Ramon sing wis metu saka kelas, bingung. Rumangsa ora pener, Paja cepet-cepet marekake ulangane. Setengah jam sadurunge wektune entek, Paja numpuk jawaban banjur metu kelas, nggoleki Ramon.

Paja wis nggoleki ing ngendi wae nanging ora bisa metuki Ramon. Nganti ulangan bubar lan para murid metu kelas, Paja isih ora petuk Ramon. Paja mbukak LINE, jawane ngehubungi Ramon. Mura-mura pundake Paja ditepuk.

“Paj, dak goleki kok ya, nang ndi wae se?” Lutfi karo wajah ora penak nyeluk Paja.

“Eh.. ya Lut, nggoleki Ramon. Arek iku mari disek dhewe lakok ngilang se?”

“Hah?” bathuke Lutfi mengkerut, “maksudmu apa ta Paj?”

“Ramon iki lho ana endi, kok ket maeng gak enek bar metu kelas?” Jelase Paja.

“Dina iki Ramon ora enek ning sekolah apa maneh ning kelas, Paj!” Lutfi nyekel pundake Paja. Mripate luwih serius saka biasane, ning ana rasa getir ing kono.

“Aja guyon Lut, wong jelas-jelas ning kelas Ramon njejegi kursiku! Sapa maneh lek gak Ramon!?”

“Sing aja guyon ki ya awakmu! Ramon kecelakaan, Paj... Awakmu urung weruh kabare?” Lutfi isih nyekeli pundake Paja kanthi diobah-obahne.

            Apa wae ing donya iki bisa kedaden, miturut kehendak sing dhuweni kuasa. Apa maneh yen iku kecelakaan, bisa kedaden marang sapa wae. Sore wingi, perjalanan mulih saka omahe Lutfi, sawise Paja ninggalake Ramon, ana truck kang ngindari sesuatu. Truck kasebut oleng menyang jalur lawan arah lan nyantap Ramon nganti loro karone kendaraan sing dienggo renyek.

“.............” Lutfi mulai krasa yen awake Paja dadi lemes.

“Terus piye...?” Mripate Paja wis kotong, peteng, kaya kelangan fokuse.

“Ramon wis ditimbali iki maeng, Paj.. Pas ulangan kesiji bubar.”

“............” Paja ora bisa omong apa-apa maneh. Mung mbukak chatroome dheweke lan Ramon. Ana pesen terakhir sing bisa diwaca Paja.

Ramon D: “Aku budhal dhisik Paj!”

.

—DN— 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar