Selasa, 13 September 2016

Tugas B.D : CERKAK (Sudah Dibenarkan)


TANDA PAMIT
Dening: Dena S

Minggu isuk, wayah sing lumrahe digawe leyeh-leyeh, mulet ing kasur, dolan bareng kancane, utawa ngewangi tandang gawe. Dina Minggu pancen kaya kaya duweni swasana kang tansah ngayemi, adhem lan tentrem gawe sapa wae. Tandang gawe bisa entheng lan semangat, pikiran resik uga luwih sehat.

Senajan Minggu pancen dina santai, ning ora gawe Paja, salah siji murid SMAN Wahutri. Dheweke wis wiwit setengah papat isuk tangi. Kegiatane yaiku sinau sejam, shalat, sawise iku sinau maneh, nyapu latar, adus, banjur sinau maneh nganti saiki. Meja belajar sing biasane mung digawe dulinan wae saiki wis kebak buku pelajaran, dasar mejane meh ora ketok amarga saking beg mencepe. Siji sing garai Paja ujug-ujug sinau mempeng, yaiku amarga dina Senin UTS.

            Paja pancen maceme arek kang rada males, jarang sinau, senengane nyantai, alias ngulur wektu, ning areke manut yen diutus. Senajan males, lelet, Paja ora tau duwe masalah karo guru. Murid taat peraturan. Pergaulane ya sehat-sehat wae, kanca paling cedheke yaiku Ramon lan Lutfi. Lutfi kuwi bisa diarani arek paling pinter ing kelas, yen Ramon iku areke mirip-mirip Paja sipate, pintere ya pada kaya Paja, ing pelajaran basa.

            Amarga Paja kurang bisa pelajaran Matematika, Ekonomi lan Sosio, dheweke saiki mempeng njlimet karo latihan soal lan materi-materi sing ana ing buku-buku kandel. Bola-bali entuk soal angel, Paja ngremes rambute susah. Ora jarang dheweke istigfar amarga saking puyenge kudu bukak tutup rumus. Suwi Paja wis sinau (maraton) materi UTS, dheweke ket maeng ora nyandak hape. Pas ngecek hape, ana LINE saka Ramon.

Ramon D: “Paj! Ayo dolan! Nang Lutfi, gelem ora??”

Paja K. Bumi: “Sinau le! Sesok UTS!!”

Senin, 12 September 2016

Cast MANHUA 19 Days (sorry, not sorry, it's yewi)



Saya udah ninggalin dunia fujoshi, all yaoi stories, and seluruh tetek bengeknya but not for this one. Manhua dengan kisah kebimbangan mengenai jati diri alias belok apa iya belok beneran dengan author OldXian ~ (in eng: Mr.Old). Sekarang masih on going, berikut daftar castnya:

-Jian Yi
-Zhan Zheng Xi
-He Tian
-Mo GuanShan (Red Head)

-To be continued~

Tugas B.D Cerkak (yang belum dibenarkan)

TANDA PAMIT
Dening: Dena S

Minggu isuk, wayah sing lumrahe digawe leyeh-leyeh, mulet ing kasur, dolan bareng kancane, utawa ngewangi tandang gawe. Dina Minggu pancen kaya kaya duweni swasana kang tansah ngayemi, adhem lan tentrem gawe sopo wae. Tandang gawe bisa enteng lan semangat, pikiran resik uga luwih sehat.

Senajan Minggu pancen dina santai, ning ora gawe Paja, salah siji murid SMAN Wahutri. Dheweke wis ket setengah papat isuk tangi. Kegiatane yaiku sinau sejam, shalat, sawise iku sinau maneh, nyapu latar, adus, banjur sinau maneh nganti saiki. Meja belajar sing biasane mung digawe dulinan wae saiki wis kebak buku pelajaran, dasar mejane meh ora ketok amarga saking beg mencepe. Siji sing nggarai Paja ujug-ujug sinau mempeng, yaiku amarga dina Senin UTS.

            Paja pancen maceme arek kang rada males, jarang sinau, senengane nyantai, alias ngulur wektu, ning areke manut yen diutus. Senajan males, lelet, Paja ora tau duwe masalah karo guru. Murid taat peraturan. Pergaulane ya sehat-sehat wae, kanca paling cedeke yaiku Ramon lan Lutfi. Lutfi kuwi bisa diomong kang arek paling pinter ing kelas, yen Ramon iku areke mirip-mirip Paja sipate, pintere ya pada kaya Paja, ing pelajaran basa.

            Amarga Paja kurang bisa pelajaran Matematika, Ekonomi lan Sosio, dheweke saiki mempeng njlimet karo latihan soal lan materi-materi sing ana ing buku-buku kandel. Bolak-balik entuk soal angel, Paja ngremes rambute susah. Ora jarang dheweke istigfar amarga saking puyenge kudu bukak tutup rumus. Suwi Paja wis sinau (maraton) materi UTS, dheweke ket maeng ora nyandak hape. Pas ngecek hape, ana LINE saka Ramon.

Ramon D: “Paj! Ayo dolan! Nang Lutfi, gelem ora??”

Paja K. Bumi: “Sinau le! Sesok UTS!!”