TANDA
PAMIT
Dening: Dena S
Dening: Dena S
Minggu
isuk, wayah sing lumrahe digawe leyeh-leyeh, mulet ing kasur, dolan bareng
kancane, utawa ngewangi tandang gawe. Dina Minggu pancen kaya kaya duweni
swasana kang tansah ngayemi, adhem lan tentrem gawe sapa wae. Tandang gawe bisa
entheng lan semangat, pikiran resik uga luwih sehat.
Senajan
Minggu pancen dina santai, ning ora gawe Paja, salah siji murid SMAN Wahutri. Dheweke
wis wiwit setengah papat isuk tangi. Kegiatane yaiku sinau sejam, shalat,
sawise iku sinau maneh, nyapu latar, adus, banjur sinau maneh nganti saiki.
Meja belajar sing biasane mung digawe dulinan wae saiki wis kebak buku
pelajaran, dasar mejane meh ora ketok amarga saking beg mencepe. Siji sing garai
Paja ujug-ujug sinau mempeng, yaiku amarga dina Senin UTS.
Paja pancen maceme arek kang rada males, jarang sinau,
senengane nyantai, alias ngulur wektu, ning areke manut yen diutus. Senajan
males, lelet, Paja ora tau duwe masalah karo guru. Murid taat peraturan.
Pergaulane ya sehat-sehat wae, kanca paling cedheke yaiku Ramon lan Lutfi.
Lutfi kuwi bisa diarani arek paling pinter ing kelas, yen Ramon iku areke
mirip-mirip Paja sipate, pintere ya pada kaya Paja, ing pelajaran basa.
Amarga Paja kurang bisa pelajaran Matematika, Ekonomi lan
Sosio, dheweke saiki mempeng njlimet karo latihan soal lan materi-materi sing
ana ing buku-buku kandel. Bola-bali entuk soal angel, Paja ngremes rambute
susah. Ora jarang dheweke istigfar amarga saking puyenge kudu bukak tutup
rumus. Suwi Paja wis sinau (maraton) materi UTS, dheweke ket maeng ora nyandak
hape. Pas ngecek hape, ana LINE saka
Ramon.
Ramon
D: “Paj! Ayo dolan! Nang Lutfi, gelem ora??”
Paja K. Bumi: “Sinau
le! Sesok UTS!!”